Sakniki dinten terakhir anggenipun siam
lan benjang sampun dinten riyaya. Ing dusun Suka Cita dipunwontenaken takbiran.
Jam 8 ndalu lare-lare sampun sami kempal, boten ketinggalan Tari lan Adel.
Bocah kalih punika sampun kekancan saking alit. Lajeng lare-lare wau dipun
angkut mawi kendharaan umum(kol).
Wonten ing kendharaan wau, lare-lare sami takbir,
“Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar . . .” Ing margi-margi ingkah dipun
lewati, inggih kathah tiyang-tiyang ingkang sami takbir. Ingkang andadosaken
margi-margi punika macet. Sesarengan punika, dumadakan kendharaan kang dipun
tumpakki Tari lan Adel mogok. “Wadoh, napa iki kok malah mogok ki?” pak sopir
bingung amargi dumadakan kendharaane mogok. Lajeng pak sopir mandhap saking
kendharaan lan nuweni, jebulane ban kendharaan ingkang wingking bocor.“Wadhuh
mas, ban sek buri bocor,” ujare pak sopir. “Bocah-bocah arep dipiyèkke?”
pitakone mas Hendar ingkang dados panitia takbiran. ”Ngoten mawon kula beto
serep ban. Mangkeh lare-lare ken mlampah rumiyin, menawi sampun nggantos ban
kendharaan mangkeh kula nyusul,” wangsulane pak sopir. “O.. nggeh pak,” wangsulane mas Hendar.
Lajeng mas Hendar aken lare-lare ken
mandhap saking kendharaan lan le takbir mlampah, “Mlaku jejer loro-loro ya,”
akene mas Hendar. Lajeng lare-lare sami mlampah jejer kalih-kalih. Boten dangu
anggenipun mlampah, dumadakan Iin dhawah amargi kejeglong lan jenthik sukunipun
medal rahipun. Iin mung pringas-pringis amargi sukunipun sakit, “Hahaha... Sokor
nek mlaku ki ngingetke,” ujare Tia sinambi ngguyu nyekakak kaliyan
rencang-rencangipun. Tia punika putranipun pak Anto, tiyang ingkang paling
sugeh sak dusune Iin. “Wela, kowe ki pye ono kancane kena musibah malah
disokorke, rewangi po pye?” wangsulanipun Vivi tangga tepalihe Iin. “Ra penting
ngrewangi cah ra duwe koyo ngono. Nggak
level, hello,” kandhane Tia lan lajeng kesah nilarke Iin. Lajeng Iin
direncangi Vivi lan Lia ngobati sukunipun kang medal rahipun. “Alhamdulillah,
kendharaane wis teko. Ayo tak rewangi munggah kendharaan,” ujare Lia kalih Iin.
Sak sampunipun Iin minggah kendharaan lajeng disusul rencang-rencangipun.
Takbir dilanjutaken ngantos jam 11 dalu.
Jago sampun kluruk mratandhani sampun
wayah enjing, tiyang-tiyang ing dusun Suka Cita sampun sami wungu lan siap-siap
nindakaken shalat Idul Fitri. Boten katinggalan keluarganipun Iin, sampun ket
enjing wau wungu lan resik-resik griya. Lajeng jam 06.30 WIB, Iin sak keluarga tindak mesjid nindakaken shalat Id.
Sak sampunipun shalat Id, keluarganipun
Iin lanjeng sungkeman. “Pak, sedaya kalepatan kula nyuwun pangapunten,” ature
Iin. Lajeng dilajengaken sungkem ten gene ibunipun. Sak sampunipun sungkeman
kalih tiyang sepuhipun, lajeng Iin sakaluarga tindak mushola sak celak
griyanipun. “ Bu, kula le thenguk ten cedhak kanca-kanca nggeh?” pamite Iin.
“Yoh, ora gojekan wae ningo,” pesen ibunipun. Lajeng Iin lenggah sesarengan
rencang-rencangipun. Boten dangu punika, syawalan diwiwiti kanthi acara
pembukaan, sambutan ketua panitia, ikrar halal bi halal, pengajian lan
dipungkasi salam-salaman. Ing tengah acara syawalan inggih punika pengajian,
pengajian punika isinipun Halal Bi Halal.
“...kita sedaya kedah nyuwun pangapunten kalian tiyang sanesipun lan kita kedah
paring pangapunten supados boten wonten dendam ing gesang kita...”
ngendikanipun pak ustadz. Lajeng Tia kemutan anggenipun wau dalu malah nyokorke
Iin dhawah boten nulungi. Ing acara pungkasan anggenipun salaman kalih Iin, tia
nyuwun ngapunten kalih Iin, “In, sorry
ya mau bengi aku ra nulungi kowe.” “Alah ra popo, wis tak ngapurani kok,”
wangsulane Iin. “Minal Aidzin Wal Fa’idzin,” ature Tia karo Lia sek mapan ing
cedhake Iin. “Nggeh, sami-sami,” wangsulane Lia. Lajeng sak sampunipun syawalan
tiyang-tiyang sami kondur lan nglajengaken tindak ten sedherek-sedherek
sanesipun.
Cerkak Bahasa Jawa
Reviewed by Unknown
on
22.29
Rating:
Tidak ada komentar: